Lirik Qasidah

Cari Blog Ini

Rabu, 28 Februari 2024

Padang Bulan

 


اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

 

Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelengake, ojo turu sore.
Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore


Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal getun mburine
Wong
tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
Anak putune, rame rame rebutan warisan

 

Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah 
Kang den
arep-arep, yoiku turune rahmat
Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah

 

Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji 
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
Insya Alloh, kito menang lan kabegjan

 

Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan
Gambar kucing, dikira gambar macan
Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan

 

Kurang puas kurang puas, luru ramalan
Wong
ora waras wong ora waras, dadi takonan
Kang
ditakoni, ngguyu cekaka’an
Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan

 

Tiada ulasan: